Selasa, 18 Februari 2020

Wewaler

Tuladha wewaler ing desa kebondalem:
1.mangan kudu di entekke,marake pitik e mati(alesanne supaya luwih menghargai panganan sing ono amarga isih akeh sing wong kang kekurangan mangan)
2.ojo mangan ning ngarep lawang,marake disandungi setan(alesanne supaya ora ngedengi uwong sing mlebu metu seko omah)
3.sedulur ojo gelutan,mengko iso dadi kethek karo lutung(alesanne supaya karo sedulur kudu rukun orak tukaran teros)
4.ojo ngetoki kuku bengi bengi,jare mengko ono setan teko(alesanne yen ngetoki kuku bengi mengko iso salah ngetoki amarga wayah bengi kuwi peteng)
5.ojo mangan karo ngadek mengko dadi jaran(alesanne mangan karo ngadek kuwi ora sopan ning adat jawa)
6.cah wadon ojo mangan tlampik utawa swiwi pitik mengko adoh jodone(alesanne amarga ning swiwi pitik akeh obat suntikan)
7.ojo jegongi bantal mengko bisulen(alesanne bantal kuwi digawe kanggo sirah ora sikil utawa liyane)
7.ojo turu sore sore mengko dikeloni setan(alesanne turu sore kuwi ora apik amarga ora apik kanggo kawarasan awak)
8.ojo mangan ning njero kamar mengko bojone males(alesanne kamar kuwi papan kanggo turu ora kanggo mangan)
9.yen nyapu kudu resik mengko bojone brewoken(alesanne yen nyambut gawe ora setengah setengah)
10.ojo penekan bedug bedug mengko dijorokke setan(alesanne bedug kuwi wayahe uwong liren lan sholat)

Jumat, 17 Januari 2020

omah jawa



A.pangerten omah jawa


        Jawa Tengah mujudake salah sawiji saka limang provinsi ing pulo jawa.Biyene,,ing provinsi iki madeg kraton-kraton lan kadipaten-kadipaten kang kaloka saindenge Nusantara,kayata Karaton Surakarta Hadiningrat kang isih mager-mager nganti saiki.Kajaba iku uga katemokake Kadipaten Mangkunegaran,Kadipaten Pajang,Kadipaten Demak Bintara,Kadipaten Semarang,lan liya-liyane.Nganti wektu iki isih akeh warisan kraton lan kadipaten kang tetep diuri-uri minangka warisane para leluhur.Warisane para leluhur iku wujude omah jawa utawa kaprah diarani omah adat jawa.Omah adat Jawa Tengah pranyata ngemu sejarah,arsitektur,lan filosofi kang ngedab-edabi.

B.Maca lan nanggapi teks dheskripsi ngenani omah jawa

         Teks dheskripsi,yaiku teks kang digunakake kanggo njlentrehake samubarang kanthi nerangake ciri-ciri kang katon.Samubarang kasebut bisa wujud menungsa,kewan,barang,utawa panggonan.Ing kalodhangan iki arep ngrembug babagan omah adate wong jawa.Kanthi mengkono,teks deskripsi babagan omah jawa iki mesthine bisa njelentrehake ciri-ciri utawa tandha-tandha kang bisa dideleng ngenani omah jawa.
          Sawise maca teks dheskripsi,supaya bisa menehi panemu para siswa kudu bisa mangsuli pitakon bab isine wacan,uga kudu bisa nitik lan mbedakake tembung-tembung kang digunakake,tembung-tembung ngoko apa krama.

C.Nemokake tuntunan sajrone teks dheskripsi"Omah Jawa"lan nyocogake karo kahanan jaman saiki
                  
                     

      Omah adate wong jawa iku sejatine akeh jinise,kayata joglo,limasan,dara gepak,kampung,tajugan,lan liya-liyane.Ewa semono bebrayan ngertine omah adat Jawa iku joglo.
        Omah adat jawa iku kaperang dadi telung bageyan.Perangan ngarep jenenge pendhapa,perangan tengah jenenge pringgitan,lan perangan mburi jenenge dalem ageng.Wangunan telung perangan iku duwe ciri lan makna filosofi dhewe-dhewe.
       Pendhapa iku wangunane bladhahan(bukakan),ora nganggo tutup,diapit omah-omahan cilik kiwa lan tengen kang diarani pangrawit apitan lan tajuk mangkurat.Gunane kanggo nampa dhayoh(tamu)lan kanggo dolanan bocah-bocah.Maknane,dadi wong urip kuwi kudu seneng srawung kang wong liya,kiwa tengene.Srawung ora kena mbeda-mbedakake.
       Pringgitan iku papane antarane pendhapa karo dalem ageng.Adhakane ana talange ditutupi ketep.Maknane pringgitan,sanajan anggone srawung kudu nganggo talang(filter)supaya ora nemahi kahanan kang ora becik.
      Dene dalem ageng dipantha dadi telung bageyan maneh yaiku senthong kiwa,senthong tengah,lan senthong tengen.Senthong  tengah kagem bapak lan ibu,senthong kiwa kanggo anak-anake wadon,senthong tengen kanggo anak-anake kang lanang.Dalem ageng iki sipate pribadi,dadi wong liyo ora kena lanyo-lanyo mlebu menyang dalaem ageng.Makna kang dikandhut ing kene,rembugan kang sipate wadi kudu ana papan tutupan.Ora kena diumbar saenggon-enggon.Uga nggambarake menawa urusane bocah lanang iku ya kudu di pisah karo urusane bocah wadon.
   
   
        Sawise maca teks dheskripsi ngenani omah adat jawa para siswa bisa nemokake keuntungan luhur yen sejatine nata omah iku ora sakepenake dhewe,Akeh piwulang kang maune durung kongreteni saiki dadi ngreti.Coba saiki bandingna karo tatanane omah jaman saiki!

D.Bedhah perangane teks dheskripsi

       Ing ngarep wis diterangake menawa teks dheskripsi  iku digunakake kanggo njlentrehake samubarang  kanthi nerangake ciri-ciri kang katon.Banjur titikane apa teks kasebut?Titikane teks dheskripsi,yaiku tatanane(strukture) ana katrangan bab kang didheskripsekake lan perangane kang dididheskripsekake.

E.Nulis teks dheskripsi ngenani omah jawa nganggo basa kang cocog karo kahanan lan pranatane

       Nulis teks dheskripsi iku ora angel watone manut pranatan utawa aturan kang wis diwenehake ing ngarep,yaiku ana bab kang di dheskripsekake lan ana perangan kang di dheskripsekake.Bab apa wae kang arep didheskripsekake carane padha.

Sumber:(Gegaran nyinau basa jawa 1 kelas X SM/SMK/MA)

cerkak




A.pangerten cerkak
cerkak yaiku crita cekak.umume cerkak dumadi saka alure wae,tegese,prekara utawa konflik seng diadhepi dening paraga paragane.

B.Unsur intrinsik cerkak

 1.Tema yaiku permsalahan sajroning crita/ide crita.
     2.Latar (setting) yaiku papan panggonan,wektu,lan suwasana kadadeyan ing sajroning crita.
     3.Penokohan yaiku paraga ang duweni watak ing sajroning crita.
     4.Alur yaiku urut urutane prastawa ing sajroning crita.
     5.Sudut pandhang (point of view) yaiku cara pandhang panganggit tumrap crita kang dianggit.

     6.Amanat yaiku pesen kang diaturake dening panganggit marang kang maca


C.Maca lan nanggapi isine teks crita cekak lan niteni perangan-perangane 
                 Crita cekak iku karangan utawa riptan kang sumbere bisa saka kanyatan trus dibumboni, bisa uga murni saka khayalan utawa rekane pangripta/pengarange wae. Sanajan mangkono, perangan-perangan kang mbangun wutuhe crita cekak adhakane padha. Perangan-perangan kang mbangun wutuhe crita iku diarani unsur intrinsik, kang nyakup underane prekara (tema), paraga (tokoh), lan watake paraga (penokohan), lakune crita (alur/plot), kepiye pangripta anggone nyeritakake (point of view), kapang lan papan kedadeyane crita kasebut (setting), lan wulangan utawa tuntunan kang ditujukake marang pamaca (amanat).

  • D.Nemokake tuntutan kang dikandhut ing teks crita cekak lan njumbuhake karo kahanane bebrayan 
                 Amanat iku wujude gagasan utawa gagasane pangripta/pengarang kang diajap bisa ditemokake dening para kang maca. Amanat-amanat iku biasane gegayutan karo niyat utawa pitutur becik, umpamane bab katresnan kalebu tresna marang sasamane, tresna bangsa, tresna budaya, lan sapanunggale. Saliyane iku amanat uga ana kang gegayutan karo pangibadah utawa ketuhanan (religius), setya marang negara (patriotisme), pendhidhikan, kabudayan, lan sapanunggale. 


  • E.Nulis sinopsis crita cekak nggunakake ragam basa kang jumbuh/cocog karo konteks lan pranatan/aturan 
                 Sinopsis iku ringkesan isine crita, kalebu crita cekak. Urutan lan basane sinopsis ora kudu padha karo basa ing crita. Sing baku, nalika nulis sinopsis paraga, watak, wose (intine) crita ora kena beda karo sumbere, yaiku crita kang digawe sinopsis. Nadyan mengkono, urutan anggone nulis sinopsis ora kudu padha karo urutan ing crita iku. Gampange rembug, sinopsis iku padha karo nyritakake maneh nganggo basamu dewe. 

Sumber:(gegaran nyinau basa jawa 1 kelas X SMA/SMK/MA)





Geguritan


A. Pengertian Geguritan

     Geguritan yaiku salah sijining karya sastra jawa ingkang kawujud saking rasa ing ati kang diungkapaken kaliyan penyair ngagem bahasa ingkang gadah irama , rima , mitra , bait lan penyusan lirik kang gadah arti utawa makna wonten ing lirik geguritan.
     Geguritan uga kawujud saking ungkapan perasaan lan pikiran penyair . Geguritan ing bahasa Indonesia uga kasebut puisi.

B. Ciri - ciri geguritan

  1. duweni patokan utawa aturan geguritan kayata duweni guru lagu , guru wilangan , lan guru gatra.
  2. duweni makna utawa arti ana ing lirik lirik e.
  3. duweni bahasa ingkang endah lan mentes.
  4. Ing teks geguritan ono jeneng pengarang / pangriptane posisi ne ning ngarep tembang geguritan.

C. Unsur - unsur intrinsik 

  1. Tema.
  2. Bahasa kang endah.
  3. Judul Geguritan.
  4. Diksi.
  5. Citra.
  6. Purwakanthi.
  7. Amanat kang ono ing jero ne geguritan.

D. Jenis - jenising Geguritan

  1. Jenis Geguritan Ingkang gambarake kondisi utawa peristiwa (deskriptif).
  2. Jenis Geguritan Ingkang nyeritakake kondisi utawa pengalaman (naratif).
  3. Jenis Geguritan Ingkang pasemon utawa duweni isi kritikan utawa sindiran.

E. Syarat syarat maca Geguritan

       Wong moco geguritan ugo duweni syarat syarat , lan ora sembarangan ingkang moco geguritan . Syarat syarate yaiku :
  1. Wirama : Cendek duwure nada utawa keras lemahe swara.
  2. Wirasa  :Perasaan utawa penghayatan ketika moco geguritan.
  3. Wiraga : Polah utawa gerake ketika moco geguritan.
  4. Wicara : lancar orak e moco geguritan.
 F.Tuladha Geguritan

     Apa bedane 
(dening sudi yatmono)

Apa bedane prosa karo puisi
bedane ana ati

apa bedane ati karo gori
bedane munmg perkara bumbune
bedane apa bumbune karo sing di bumboni
bedane rak mung ana ing wadhah
apa bedane wadhah karo sing diwadhahi
kuwi rak mung akal pokal gaweane manungsa

lha apa bedane manungsa karo kewan
ah iku urusane pangeran
(Mbangun tuwuh,anga 1 38)

Sumber:(Gegaran nyinau basa jawa 3 kelas XII SMA/SMK/MA)
     

CRITA RAKYAT

A.Pangerten 
    Crita rakyat yaiku crita kang dicritakake kanthi turun temurun utawa kang wes dadi tradhisi ing masyarakat.

B.unsur intrinsik crita rakyat
     1.Tema yaiku permsalahan sajroning crita/ide crita.
     2.Latar (setting) yaiku papan panggonan,wektu,lan suwasana kadadeyan ing sajroning crita.
     3.Penokohan yaiku paraga ang duweni watak ing sajroning crita.
     4.Alur yaiku urut urutane prastawa ing sajroning crita.
     5.Sudut pandhang (point of view) yaiku cara pandhang panganggit tumrap crita kang dianggit.
     6.Amanat yaiku pesen kang diaturake dening panganggit marang kang maca.

C.Titikane crita rakyat
     1.Penyebarane kanthi lesan.
     2.Duweni sipat tradhisional.
     3.Sugih cakrik lan variasi.
     4.Jenenge pangripta(penciptane) ora konangan .
     5.Wangune tiron (klise) ana ing susunan utawa cara pangukapane.

D.Mupangate crita rakyat
    1.Mupangat rekreatif yaiku menehi rasa tentrem,seneng uga menehi hiburan.
    2.Mupangat dedaktif yaiku ndhidhik para kang maca amarga nialai nilai kebenerane lan                    kaapikan kang ana ing sajroning crita.
    3.Mupangat estetis yaiu menehi nilai nilai kaendahan.
    4.Mupangat moralitas yaiku ngemu nilai nilai moral kang duwur saengga para kang maca bisa          mangerteni moral kang apik lan elek.
    5.Mupangat relegiusitas yaiku ngemu ajaraning agama kang bisa didadhekake tuladha kanggo          para kang maca.

 E.Wujude crita rakyat
   1.Mitos yaiku crita kang diangep ora bener bener kadadeyan.tuladha:nyi roro kidul,nyi lanjar.
   2.Legedha yaiku crita kang bener bener kadadeyan.tulada:baru klinthing,kwah singkwang,rara        jonggrang.
   3.Dongeng yaiku crita kang ngayawara lan ora bisa dipercaya.


  Sumber:(Gegaran nyinau basa jawa 2 kelas XI SMA/SMK/MA)




  
SERAT WEDHATAMA PUPUH KINANTHI




A.Pangerten

       .Serat wedhatama yaiku salah sawijining seratan kanjeng gusti pangeran adipati Arya sri mangkunegara IV, Serat wedhatama ngandhut piwulang luhur kanggo mbangun budi pekerti. Serat wedhatama duweni isi piwulang babakan budi pekerti utawa tumindak utama gerteni. Serat wedhatama asale saka basa sansekerta, Wedhatama menurut kamuskawi-indonesia karangan  L. mardiwasito, saka tembung ''wedha'' kang tegese ilmu pangerten, lan tembung ''Tama'' kang tegese becik. Miturut R. Tanojo tegese tembung ''wedhatama'' yaiku pepathokaning putra. Di deleng saka tembung ''wedha'' tegese pepakem (patokan) lan tama utawa utama kang duwe teges anak. Pepathikaning putra tegese pathokan utawa pedoman kanggo putra lan putrine.


B.paugeran

 Guru gatra:6 gatra

 Guru wilangan:8,8,8,8,8,8

 Guru lagu:u,i,a,i,a,i

C.Tuladha tembang kinanthi

Padha gulangen ing kalbu

ing sasmitha amrih lantip

aja pijer mangan nendra

kaprawiran den kaesthi

pesunen sariranira 

sudanen dahar lan guling 

Tegese:Padha latihen ing ati

Ing pratandha supaya gathekan

Aja tansah memangan lan turu wae

Tumindaka kang utama kang dadi sedyamu

Usahakna dening awakmu

Sudanen anggonmu memangan lan turu.


D.Watak tembang kinanthi

Watake seneng, tresna asih, mitutura, nuladani, mula lumrahe kanggo menehi pitutur lan crita kang nalekane rasa tresna asih.


link video tembang kinanthi:https://m.youtube.com/watch?v=3C6bs2ng158

Sumber:(Gegara nyinau basa jawa 3 kelas XII SMA/SMK/MA lan brainly.com)

Wewaler

Tuladha wewaler ing desa kebondalem: 1.mangan kudu di entekke,marake pitik e mati(alesanne supaya luwih menghargai panganan sing ono amarga ...