Jumat, 17 Januari 2020

omah jawa



A.pangerten omah jawa


        Jawa Tengah mujudake salah sawiji saka limang provinsi ing pulo jawa.Biyene,,ing provinsi iki madeg kraton-kraton lan kadipaten-kadipaten kang kaloka saindenge Nusantara,kayata Karaton Surakarta Hadiningrat kang isih mager-mager nganti saiki.Kajaba iku uga katemokake Kadipaten Mangkunegaran,Kadipaten Pajang,Kadipaten Demak Bintara,Kadipaten Semarang,lan liya-liyane.Nganti wektu iki isih akeh warisan kraton lan kadipaten kang tetep diuri-uri minangka warisane para leluhur.Warisane para leluhur iku wujude omah jawa utawa kaprah diarani omah adat jawa.Omah adat Jawa Tengah pranyata ngemu sejarah,arsitektur,lan filosofi kang ngedab-edabi.

B.Maca lan nanggapi teks dheskripsi ngenani omah jawa

         Teks dheskripsi,yaiku teks kang digunakake kanggo njlentrehake samubarang kanthi nerangake ciri-ciri kang katon.Samubarang kasebut bisa wujud menungsa,kewan,barang,utawa panggonan.Ing kalodhangan iki arep ngrembug babagan omah adate wong jawa.Kanthi mengkono,teks deskripsi babagan omah jawa iki mesthine bisa njelentrehake ciri-ciri utawa tandha-tandha kang bisa dideleng ngenani omah jawa.
          Sawise maca teks dheskripsi,supaya bisa menehi panemu para siswa kudu bisa mangsuli pitakon bab isine wacan,uga kudu bisa nitik lan mbedakake tembung-tembung kang digunakake,tembung-tembung ngoko apa krama.

C.Nemokake tuntunan sajrone teks dheskripsi"Omah Jawa"lan nyocogake karo kahanan jaman saiki
                  
                     

      Omah adate wong jawa iku sejatine akeh jinise,kayata joglo,limasan,dara gepak,kampung,tajugan,lan liya-liyane.Ewa semono bebrayan ngertine omah adat Jawa iku joglo.
        Omah adat jawa iku kaperang dadi telung bageyan.Perangan ngarep jenenge pendhapa,perangan tengah jenenge pringgitan,lan perangan mburi jenenge dalem ageng.Wangunan telung perangan iku duwe ciri lan makna filosofi dhewe-dhewe.
       Pendhapa iku wangunane bladhahan(bukakan),ora nganggo tutup,diapit omah-omahan cilik kiwa lan tengen kang diarani pangrawit apitan lan tajuk mangkurat.Gunane kanggo nampa dhayoh(tamu)lan kanggo dolanan bocah-bocah.Maknane,dadi wong urip kuwi kudu seneng srawung kang wong liya,kiwa tengene.Srawung ora kena mbeda-mbedakake.
       Pringgitan iku papane antarane pendhapa karo dalem ageng.Adhakane ana talange ditutupi ketep.Maknane pringgitan,sanajan anggone srawung kudu nganggo talang(filter)supaya ora nemahi kahanan kang ora becik.
      Dene dalem ageng dipantha dadi telung bageyan maneh yaiku senthong kiwa,senthong tengah,lan senthong tengen.Senthong  tengah kagem bapak lan ibu,senthong kiwa kanggo anak-anake wadon,senthong tengen kanggo anak-anake kang lanang.Dalem ageng iki sipate pribadi,dadi wong liyo ora kena lanyo-lanyo mlebu menyang dalaem ageng.Makna kang dikandhut ing kene,rembugan kang sipate wadi kudu ana papan tutupan.Ora kena diumbar saenggon-enggon.Uga nggambarake menawa urusane bocah lanang iku ya kudu di pisah karo urusane bocah wadon.
   
   
        Sawise maca teks dheskripsi ngenani omah adat jawa para siswa bisa nemokake keuntungan luhur yen sejatine nata omah iku ora sakepenake dhewe,Akeh piwulang kang maune durung kongreteni saiki dadi ngreti.Coba saiki bandingna karo tatanane omah jaman saiki!

D.Bedhah perangane teks dheskripsi

       Ing ngarep wis diterangake menawa teks dheskripsi  iku digunakake kanggo njlentrehake samubarang  kanthi nerangake ciri-ciri kang katon.Banjur titikane apa teks kasebut?Titikane teks dheskripsi,yaiku tatanane(strukture) ana katrangan bab kang didheskripsekake lan perangane kang dididheskripsekake.

E.Nulis teks dheskripsi ngenani omah jawa nganggo basa kang cocog karo kahanan lan pranatane

       Nulis teks dheskripsi iku ora angel watone manut pranatan utawa aturan kang wis diwenehake ing ngarep,yaiku ana bab kang di dheskripsekake lan ana perangan kang di dheskripsekake.Bab apa wae kang arep didheskripsekake carane padha.

Sumber:(Gegaran nyinau basa jawa 1 kelas X SM/SMK/MA)

10 komentar:

Wewaler

Tuladha wewaler ing desa kebondalem: 1.mangan kudu di entekke,marake pitik e mati(alesanne supaya luwih menghargai panganan sing ono amarga ...